SELAMAT DATANG DI BLOG SD PETOMPON 05.06.07

“MEMBENTUK SISWA BERIMAN KEPADA TUHAN YANG MAHA ESA,... CERDAS,... BERPRESTASI,... TRAMPIL,... DISIPLIN,... MANDIRI... DAN BERBUDAYA...”

Rabu, 15 Juli 2009

SABAR YO JO!!!

Dina minggu esuk Paijo deleg-deleg neng ngarep omah sinambi sangga uwang. Dumadakan Paino teka nggawa kresek ireng.
Paino :" Ngapa Jo .. kok deleg-deleg neng ngarep omah? kaya rak ana gaweyan wae. Mbok kana ngewangi Simbokmu madhung kayu ana kebon kulon omahmu kuwi?"
Paijo : "Kowe ki rak ngerti masalahku kok, No..No..".
Paino : "Lha apa to masalahmu kuwi, ki..aku gawa tela godhog, arep po rak?"
Paijo :" Entuk saka ngendi tela iki, kok wis diwadahi kresek?"
Paino :" Yo, gawa saka omah to Jo.. Daripada kowe mikir masalah terus, telane dipangan sik, trus ceritana, ana apa sakjane ki?"
Paijo :" Aku mau bengi ngimpi medeni banget ki No. Ketoke aku kecebur segara lan kleleb. Aku dadi wedi ngimpiku dadi alamat ora apik?"
Paino :" O..alah Jo.. Lha wong ngimpi kok diwedeni, ngimpi kuwi kan mung kembang turu".
Paijo :" Ora ngono No.. Aku biyen ngimpi kecemplung kalen, esuke pas aku mlaku sandalku jebat lan aku tiba nganti bathukku menyonyo kena watu. Terus pas aku ngimpi kecemplung sumur esuke aku nyungsep ing sawah sak pit onthelku. Lha saiki ngimpine kok kecebur segara, hi...aku wedi ameh kena alangan apa maneh aku dina iki".
Paino :" Ora sah wedi, kuwi mung.....
Durung rampung anggone Paino ngomong, dumadakan Yu Sri numpak pit montor karo bengok-bengok. Jo...minggir Jo... aja neng kono awas!!!! Gubrak.
Paijo :" Waduh biyung....... (Prepet Paijo krengkangan lan semaput)
Sawise sadar Paijo ana kamar ing galyasa, dikancani Paino.
Paino :" Jo..kowe wis sadar?"
Paijo :" Iyo, waduh... kok pating senut tangan lan sikilku sisih kiwa, we..lha...kok diblebet perban kabeh? Kepriye to kedadenane No?"
Paino :" Kowe rak kelingan to Jo? Yu Sri mau meh ngeterke sayur kanggo simbokmu, delalah jare reme blong padahal gas kendaraane rada banter. Kowe terus ketabrak, sirahmu kejedhug antol dipan ngarep omahnu kae, lha...awakmu ketiban bronjonge Yu Sri".
Paijo :" Apese... awaku No...No...bener to firasat saka impenku mau bengi menawa aku meh entuk musibah".
Paino :" Yo...sing sabar...Jo...Jo, kok delalah kena musibah, tapi aja terus susah! tangan kiwamu mung dijait enem jare dhoktere mau, sikilmu mung retak sithik. Sesuk cepet pulihe. Kowe yo sih wajib ngucap sukur karo Gusti Allah, tangan sikilmu ora nganti tugel".
Paijo :" Iyo...aku ngerti kudu sabar nampa kacilakan iki lan tetep ngucap sukur soale aku sih urip rak nganti mati!! Ngono tho karepmu?"


NEGESI TEMBUNG
- deleg-deleg = ngalamun
- kresek ireng = plastik hitam
- sangga uwang = bertopang dagu
- madhung kayu = membelah kayu untuk kayu bakar
- tela godhog = ketela rebus
- medeni = menakutkan
- kleleb = tenggelam